Blogroll

ASU LAN KUCING LANANG

ASU LAN KUCING LANANG - Selamat Datang Di Kumpulan Materi Matematika SMP,SMA,SMK sebagai media pembelajaran sobat semua, Pada sharing Materi Matematika kali ini yang berjudul ASU LAN KUCING LANANG, akan kami sampaikan secara lengkap dan lugas sesuai kebutuhan pembelajaran anda. mudah-mudahan isi postingan materi matematika yang saya tulis ini dapat anda pahami. okelah, ini dia pembahasannya.

Materi :
judul : ASU LAN KUCING LANANG

ASU LAN KUCING LANANG

Kawruh Basa Jawa

cerata bahasa jawa

Ana kucing lanang siji , saking bisane dhepe – dhepe sarta muni ngasih – asih , banget disihi ing bendarane.  Bareng asu, dhasar kang rumeksa ing omah, seru panjuguge , yen kerah rosane ngluwihi, teka ora katiban sihing bendara. Yen kang duwe omah mangan, kucing diwenehi kang enak – enak sarta empuk – empuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lelakone.
Anuju sawijining dina wus mangan, piring – piringe durung disinggahake, diparani asu. Bareng lagi wiwit didilati , kucing  enggal teka ambekis kambi makungkung, agawe kageting asu. Pratingkahe kucing mangkono iku ngewak-ewakake banget, sarta sarta agawe nepsune bendara, dadi sarana wewulang , sarta ngelingake ing bebener. Wiwit nalika samono lorodaning bendara dadi bubuhaning asu. Bubuhane kucing mung andilati piring bae.

Eliding dongeng mangkene : wong drengki lan kethaha iku wus benere ora oleh samubarang kang becik.


Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters


Tegese tembung :
dhepe – dhepe                 = ngempek – empek (ngrampek) njejaluk
ngasih – asih      = njaluk ditresnani, njaluk diasihi.
bawuk                  = warna semu biru utawa klawu reged
disinggahake      =disimpen
ambekis               = nywara santak (nelakake orang seneng, muring)
lorodan                = lungsur, dilorod = dilungsur.
bubuhan              = wuwuhan, ditumpa-tumpa
drengki                 = meri, melik marang kabegjane liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
srei                         = kumudu – kudu njaluk menang.
jail                          = seneng maeka ing liyan
jail methakil        = wong ala atine seneng maeka ing liyan
kethaha               = kumudu oleh akeh (murka)



Demikianlah pembahasan ASU LAN KUCING LANANG

mengenai ASU LAN KUCING LANANG, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sekian postingan tentang materi matematika kali ini.

Anda sedang membaca artikel ASU LAN KUCING LANANG dan artikel ini url permalinknya adalah https://matematikapasti-bisa.blogspot.com/2014/04/asu-lan-kucing-lanang.html Semoga artikel ini bisa bermanfaat.

0 Response to "ASU LAN KUCING LANANG"

Posting Komentar